enlighten your eeman

Urip Engkang Manfaati lan Anggadai Pribadi Nafi’un Li Ghairihi

Mbahas tentang sohabat Nabi, teng sawijining dino, saksampunipun Rasulullah wafat, Abu Hurairah nglajengaken I’tikaf dateng Masjid Nabawi. Abu Hurairah ningali wonten tiyang lenggah sumelang dateng suduting masjid. Piyambakipun Abu Hurairah nangkleti wonten nopo dateng tiyang niku wau, sawisenipun ngertos masalahipun, Abu Hurairah gadah niatan nulung tiyang niku. Lantas tiyang niku tangklet, “Yaa Abu, apakah kau akan meninggalkan I’tikafmu demi menolongku?”, “Sesungguhnya aku pernah mendengar Rasulullah bersabda, sungguh berjalannya seseorang diantara kamu untuk memenuhi kebutuhan saudaranya lebih baik baginya daripada I’tikaf di masjidku ini selama satu bulan.”

Saking cerita hadist Abu Hurairah niku wau, sebagai Muslim kito kedah anggadai kesadaran kagem mitulungi seduluran, nggadai jiwo lan semangat maringi manfaat kagem sesame, lan nggadai sifat nafi’un lighairihi, pribadi ingkang bermanfaat kagem orang lain. Salah sawijinipun indikator sae nopo mboten e tiyang niku ketingal saking maringi manfaat kagem tiyang lintunipun nopo mboten. Menungso ingkang paling sae yaiku menungso engkang saget maringi manfaat kagem menungso lintunipun.

خير الناس أنفعهم للناس

“Sebaik-baik manusia adalah yang paling bermanfaat bagi orang lain..” (HR. Ahmad, Thabrani, Daruqutni. Dishahihkan Al Albani dalam As-Silsilah As-Shahihah)

Allah maringi menungso urip selain kagem ngibadah dateng Gusti Allah seperti engkang terserat wonten Adz-Dzariyat 56, tugas lintunipun inggih menika supados maringi manfaat kaleh menunso liyo, dados pribadi ingkang manfaati sesame, nafi’un li ghairihi.

Pribadi engkang Nafi’un Li Ghairihi niku, misal wonten Muslim engkang nyambut dados guru, maka orientasinya mboten cuman mucal terus angsal gaji mawon, tapi pripun kersane maringi sak sae-saenipun manfaat kagem murid-muride, ngasihi murid-muride kados ngasihi putra-putrine piyambak, tur mikirne pripun cara engkang sae supados ilmu engkang disampekaken niku saget manfaat lan ndadosaken murid-muride cerdas, kompeten lan berkarakter.

Ketingale pancen susah nggeh dados pribadi engkang bermanfaat, ananging pun ngantos ngersulo amargi hakekate pas kito mbantu tiyang, nulung tiyang niku kito lagi nanem kebaikan kagem awake dewe piyambak. Because what you sow, it’s exactly what you will reap. Menopo-menopo engkang kito tanam bakal kito panen. Niku sami kaleh firman Allah:

إِنْ أَحْسَنْتُمْ أَحْسَنْتُمْ لِأَنْفُسِكُمْ

Jika kalian berbuat baik, sesungguhnya kalian berbuat baik bagi diri kalian sendiri..” (QS. Al-Israa’ : 7)

Rasulullah soho bersabda :

مَنْ كَانَ فِى حَاجَةِ أَخِيهِ كَانَ اللَّهُ فِى حَاجَتِهِ
“Barangsiapa membantu keperluan saudaranya, maka Allah membantu keperluannya..” (Muttafaq ‘alaih)

Misal kito nulung lan mbantu tiyang, pitulunge Allah niku bakale mboten cuman dateng donyo mawon, ananging teng akhirat menopo. Nek kito maringi manfaat kagem tiyang liyo, Allah bakal menakne kito mboten cuma teng urusan donyo, ananging urusan akhirat mangken.

مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا نَفَّسَ اللَّهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ يَسَّرَ اللَّهُ عَلَيْهِ فِى الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ

“Siapa yang menyelesaikan kesulitan seorang mu’min dari berbagai kesulitan2 dunia, Allah akan menyelesaikan kesulitan2nya di hari kiamat. Dan siapa yang memudahkan orang yang sedang kesulitan niscaya akan Allah mudahkan baginya di dunia dan akhirat..” (HR. Muslim)

Saking penjelasan niku wau, sumonggo kito sedoyo anggadai pribadi engkang purun mbantu tiyang liyo engkang kengeng kesusahan, dados pribadi engkang Nafi’un Li Ghairihi engkang ikhlas lan mboten ngarep balasan menopo-menopo kejaba ridhonipun Allah. Allahumma Aamiin.

*insyaAllah akan disampaikan Kamis, 8 Mei 2014 di kelas Praktik Ibadah, bismillah.. 🙂

Leave a comment